MAKALAH BAHASA JAWA
"
Sejarah Wayang "
![]() |
|||||
![]() |
![]() |
||||
Dening :
SMP N 1 MOJOGEDANG
KARANGANYAR
2016/2017
ATUR PAMBUKA
Puji syukur kita panjataken marang
ngarsanipun gusti Allah YME ingkang sampun nglimpahaken tresna lan kasihipun,
sahingga kita saget ngrampungaken tugas damel makalah niki yaiku
salah sawijining syarat damel nglengkapi tugas bahasa jawa SMP Negeri 1 Mojogedang.
Mboten kesupen rasa matur suwun datheng:
1. Bapak Guru bahasa jawa SMP Negeri 1
Mojogedang ingkang sampun menehi pengarahan kalian bimbingan datheng
kita sedaya anggen kita nyusun makalah niki.
2. Rencang-rencang ingkang sampun
berpartisipasi nyampekne makalah niki
Kita nyuwun pangapunten
anggene damel makalah niki kurang sempurna lan tasih kathah klentunipun ingkang
mboten kita mangertosi.
Kirane
sedaya kesaean ingkang sampun maringi datheng kita angsal balesan
saking gusti Allah YME. Harapan kita mugi-mugi makalah niki wonten paedahe
kagem sedaya ingkang maca.
Penulis
BAB I
PURWAKA
1.1 Lelandhasaning Masalah
Warisan budaya saking para leluhur punika kathah
ingkang saged dipun sinau dening kawula muda. budaya adilihur punika ugi saged
paring pambiyantu para muda ingkang ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan.
satunggaling budaya luhur ingkang taksih sae inggih menika wayang. wayang iku
pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké
déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa
awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang),
kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah
digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna
adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang
gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati
akčh ditemoni.
1.2 Undharaning Masalah
Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg
ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan kados pundi pangertosan wayang
menika lan wayang menika langkung ngrembaka lan kondhang kawentar wonten
masyarakat Indonesia khusussipun masyarakat Jawi piyambak. Babagan menika
wigatos sanget dipunpenggalih khususipun dening warga ingkang rumaos “asli”
saking Jawi, utawi sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng
wayang, supados kawontenan tiyang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung
dipunakeni dening kelompok-kelompok warga ndonya sanesipun.
1.3 Tujuan Paneliten
Wonten 3 perkawis ingkang dopunaturaken wonten makalah
menika:
1. Menapa ingkang dipuntegesi wayang?
2. Kados pundi sejarahipun wayang?
3. Kados pundi sebutanipun wayang
menika?
1.4 Paedah Paneliten
Paedah saka makalah iki yaiku:
1.
Kanggo Masyarakat
minangka papan sinau ngenani budaya
wayang, lan bisa luwih mangerteni klira-klirune pangerten budaya wayang.
2.
Kanggo Panulis
minangka papan informasi ngenani budaya Jawa sing bisa didadekake cekelan kanggo panaliti sabanjure sing ana gegayutane karo panaliten iki.
minangka papan informasi ngenani budaya Jawa sing bisa didadekake cekelan kanggo panaliti sabanjure sing ana gegayutane karo panaliten iki.
BAB II
ANDHARAN
2.1 Pangertosan Wayang
wayang menika pagelaran ingkang ngagemboneka umumipun.
wayang dipunlakokakan dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut,
saged awujud 2 dimensi utawa 3 dimensi. Umumipun, ingkang wujud 2 dimensi,
kadamel saking kulit (walulang), ingkang biasanipun kulit sapi, utawi mendha.
Menawi ingkang 3 dimensi, limrahipun dipundamel saking kajeng ingkang
dipunrenggani ageman saking kain maneka warna adhedasar karakter wayang
kasebut. Nanging ing sawetara tlatah, ugi wonten ingkang damel wayang saking
suket, tuwin kerdus, ananging wayang jinis menika boten kathah.
2.2 Sejarahipun Wayang
Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan
para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene
bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman
sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang
wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan
asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine
kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa
leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni
kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau
iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula
rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur
dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang,
nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan
kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe
pagelaran wayang
2.3 Sebutan wayang
Yen dijupuk seka ukarane, wayang kuwi seka wewayangan,
amarga pagelarane ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki
wis ora bisa diugemi maneh. wayang dadi ora mligi boneka kang ana wewayangane
wayang golek kang digawe seka kayu ora ngandhelake wewayangan. Ukara wayang wis
dadi pagelaran boneka kang digelar dening dhalang. Umume, sebutan wayang tinuju
marang wayang kulit purwa. wayang iki digawe seka
tatahan kulit kewan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana
BAB III
PANUTUP
3.1 Dudutan
wayang iki ora mung sumebar ing Jawa wae, nanging uga
ing tlatah liya ingNuswantara. wayang iku pagelaran nganggo
boneka kang umume katon endah ing wewayangane lan dilakokake dening dhalang
kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut bisa kang awujud 2
dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umume, kang wujud 2 dhimensi, kagawe saka
kulit (walulang), kang biyasane kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3
dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang
maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara
tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis
ngene iki ora pati akeh ditemoke ing Indonesia.
Jinising wayang inggih menika: wayang Golek, wayang
Thengkul Bojonegoro, wayang Krucil, wayang Purwa, wayang Beber, wayang Uwong,
wayang Gedog, wayang Sasak, wayang Calonarang, wayang WahyWayang Menak, wayang
Klitik, wayang Suluh, wayang Papak wayang Madya, wayang Parwa, wayang Sadat,
wayang Kancil.
3.2 Saran
1. wayang iku budaya jawa asli dadi
kudu di lestarikake lan aja di lalekne.
2. kita dadi kaum muda kudu iso jaga
kebudayaan jawa , kayata budaya wayang.
3. kita dadi penerus bangsa kudu
nunjukake budaya wayang ing tingkat internasional.
Daftar Pustaka
No comments:
Post a Comment